Sambutan selapanan + kirim do'a
PEMBUKA
dumateng poro rawuh ingkang di mulya-aken alloh, monggo sareng sareng muji syukur wonten ngarsanipun Alloh swt, keranten dalu meniko kulo lan panjenengan sedoyo, tasih diparingi nikmat hidayah saking alloh, sehinggo saget ngrawuhi undanganipun bpk tuan rumah sekeluarga.
inggih meniko dalam acara :
1. kirim doa ingkang dituju aken dumateng sedoyo ahli kuburipun bpk tuan rumah sekeluarga
mugi mugi barokahipun maos yasin tahlil sak mangke saget mbetani manfaat dumateng sedoyo armarhum almarhumah bpk tuan rumah sekeluarga. mugi mugi kaleh Alloh disepuro sedoyo doso dosonipun lan ditampi sedoyo amal ibadahipun
2. bpk tuan rumah bade ngaturaken rasa syukur, keranten sampun diparingi nikmat kalih alloh, inggih meniko bade nyelapani putranipun ingkang paring asmo adik tuan rumah mugi mugi lare meniko sak mangke dados lare ingkang sholeh, bekti wonten tiyang sepah kalih, lan dados lare ingkang manfaat fiddini hadal akhiroh.
monggo sareng sareng noto manah, mugi mugi dalu meniko sedoyo hajatipun bpk tuan rumah sekeluarga, dipun sembadani kaleh Alloh swt
li ridho illah wa syafaati rosulilah, ala hadiniyah wa kulli niatin sholihah bi sirril fatihah....
PENUTUP
Alhamdulillah mekaten kolo wau waosan yasin tahlil ingkang sampun sareng sareng diwaos mugi mugi ndadosaken barokah dumateng ahli kubur bpk tuan rumah sekeluarga khususipun dumateng adek tuan rumah mugi mugi dados lare ingkan tansah dipun tulungi kaleh Alloh swt
kulo minongko wakil saking shohibul hajjah bpk tuan rumah sekeluarga ngaturaken matursuwun sanget atas rawuh panjenengan sedoyo. mugi mugi kebaikan panjengan sedoyo dipun bales kaleh Alloh kelawan
balaesan ingkan langkung sae
sepindah malih atas nami keluarga, menawi anggene kulo nyumangga aken, maringi sambutan, maringi tempat ugi pasugatan, wonten ingkang kirang nyeceki dalem manah panjenengan. kulo nyuwun pangapunten ingkang langkung ageng
Cekap semanten kulo akhiri, ihdinasirotol mustaqim, Wassalamu alaikum wr wb


Komentar
Posting Komentar