Sambutan penutup tahlil 7 hari

Alhamdulillah mekaten kolo wau

waosan yasin tahlil ingkang sampun

sareng sareng kulo lan panjenengan waos


mugi mugi waosan yasin tahlil kolo wau

saget mbetani manfaat dumateng almarhumah ibu...

ingkang sampun sumarih wonten ngarsanipun alloh swt


mugi mugi sedoyo doso doso nipun 

almarhumah disepuro kalih alloh swt

diterami sedoyo amal ibadahipun

lan mugi mugi almarhumah 

pikantuk nikmat kubur illa yaumil qiyamah

amin amin allohumma amin


Bapak bapak ingkang minulyo

kulo minongko wakil saking shohibul musibah

ngaturaken matursuwun sanget atas 

rawuh panjenengan sedoyo

mugi mugi kebaikan panjenengan sedoyo

tansah dipun bales kalih alloh lan didadosaken

amal ibadah ingkang sae


menawi anggene kulo maringi sambutan,

palenggahan, ugi pasugatan, wonten ingkang

kirang nyeceki dalem manah panjenengan

kulo sekeluargi nyuwun pangapunten 

sak katah katahipun


Kulo minongko pembawa acara menawi wonten 

kirang langkungipun anggene kulo matur

kulo nyuwun pangapunten sak katah katahipun


kulo akhiri cekap semanten, 

wabillahi taufiq wal hidayah

warridho wal inayah

wassalamu alaikum wr.wb

Komentar